PITUTUR
LUHUR
- Jun iku yen lukak kocak, bisane meneng-anteng yen kebak. Sapi wadon kang seru swarane, sethithik powane. Wong kang ala rupane, polahe digawe-gawe. Wong wuta sastra, wicarane kasar ora ngresepake.
- Tetesing banyu bisa mecahake watu kang ketiban. Ya gene manungsa ora gelem ngajegake nglakoni tumundak becik kang bisa mecahake karanging kabegjan?
- Menawa ana madu campur karo wisa, alapen madune bae. Yen ana kencana campur karo tinja, jupuken kencanane , kumbahen. Wong utama kang sugih kawruh, sanajan turune sudra, prayoga raketana. Wanita utama kang sulistya ing warna, sanajan turune wong asor, pantes dadi garwane wong gedhe.
- Wong iku ana kang ora ngelingi yen urip ana ing alam donya iku ora langgeng. Wong-wong kang padha eling marang bab iku, lumrahe padha ngemohi regejegan lan pasulayan.
- “Dheweke ngalahake aku, nglarani aku, ngrayah barang darbekku.” Manungsa kang kasinungan pikiran kaya mangkono iku, tartamtu tansah ndarbeni rasa gething marang liyan. Dene manungsa sing sepi ing pikiran kaya mangkono, sirna pangigit-igiting marang liyan.
- Ajining mangsa ngungkuli ajine raja-brana, suprandene akeh wong kang dhemen ngeceh-eceh mangsa.
- Uni becik lan uni ala padha-padha ngobahake uwang. Yagene kowe dhemen adol uni ala kang sithik regane, tinimbang uni becik kang larang regane.
- Yen kowe resik, aja susah atimu ditarka nglakoni kaluputan, umpamakna kowe bagas-kuwarasan diarani lara.
- Sing sapa ngraketi mitra anyar ngedohi mitra lawas, iku prasasat ngurupake wowohan oleh kembang.
- Kawruh kang kasimpen iku umpamane mawa kapendhem ing awu, sirnane tanpa pakoleh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar