Rabu, 11 Desember 2013

MICARA

PACELATHON WARDAYA LAN BU JAYA

Wardaya          : Bu, menapa dhik Rahayu sampun nyambut damel?
Bu Jaya           : Sampun, sampun nak.
Wardaya          : Saestu wonten pundi, Bu?
Bu Jaya           : Wonten Jakarta, nak!
Wardaya          : Lajeng kados pundi kabaripun?
Bu Jaya           : O, inggih. Piyambakipun sampun kintun serat. Wonten serat menika nyebataken, “Bu, wonten ing Jakarta kula remen. Kula sampun kraos. Kula nyuwun tambahing pangestu.”
Wardaya          : Anggenipun matur basanipun krama, Bu?
Bu Jaya           : Inggih, nak, mila mekaten.
Wardaya          : Kadosipun yen matur Ibu asring ngoko kemawon?
Bu Jaya           : Inggih nak.
Wardaya          : Kulo nggumun lho, Bu.
Bu Jaya           : Gumun kados pundi?
Wardaya          : Cobi ta, Bu. Piyambakipun sadinten-dinten micara ngangge basa Indonesia. Suwau yen gineman kalih Ibu inggih asring ngoko kemawon. Ananging sinareng caos serat Ibu, tetep ngangge  jawinipun, tur inggih ngugemi subasita seratipun mawi basa jawi tur krama, menika ingkang kula gumuni.
Bu jaya            : Inggih, Nak, mila manah kula kraos sreg. Maos serat menika raosipun pating trecep.
Wardaya          : Mila sae sanget bilih sesambetan sinerat mekaten menika migunakaken basa krama, ngrumaosi anggenipun dados putra, senajan yen komunikasi lisan namung matur ngoko, awit kulina lan rumaketipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar