PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
Tuladha
Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
Tuladha
Adigang, adigung, adiguna :Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.
Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga.
Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni
tembe
mburine.
Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.
Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing
gawe.
Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih.
Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe.
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa
bakal
dibelani.
Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan
warna-warna.
Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge.
Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine
kacingkrangan/kekurangan
Njajah
desa milang kori
: Lelungan tekan ngendi-ngendi
Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora
Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora
kebeneran/gawe rugi.
Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake
ragad.
Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget.
Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada.
Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh.
Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.
Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan.
Nyolong pethek : Mleset saka pambatange.
Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung
kekarepane
bakal disingkirake.
Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah
cecongkrahan
njalari ringkih.
Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati.
Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan.
Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening
tumindak
becik.
Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.
Tinggal glanggang colong playu : Ninggalake papan pasulayan, peperangan.
Tulung menthung : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing
ditulungi.
Tuna sathak bathi sanak : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Ulat madhep ati karep : Wis mantep banget kekarepane.
Undhaking pawarta sudane kiriman : Kabar iku beda karo nyatane.
Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
Yitna yuwana lena kena : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal
nemu
cilaka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar