nyuwun ngapura lan paring pangapura
Sakniki
dinten terakhir anggenipun siam lan benjang sampun dinten riyaya. Ing dusun
Suka Cita dipunwontenaken takbiran. Jam 8 ndalu lare-lare sampun sami kempal,
boten ketinggalan Tari lan Adel. Bocah kalih punika sampun kekancan saking
alit. Lajeng lare-lare wau dipun angkut mawi kendharaan umum(kol).
Wonten
ing kendharaan wau, lare-lare sami
takbir, “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar . . .” Ing margi-margi ingkah
dipun lewati, inggih kathah tiyang-tiyang ingkang sami takbir. Ingkang andadosaken
margi-margi punika macet. Sesarengan punika, dumadakan kendharaan kang dipun tumpakki
Tari lan Adel mogok. “Wadoh, napa iki kok malah mogok ki?” pak sopir bingung
amargi dumadakan kendharaane mogok. Lajeng pak sopir mandhap saking kendharaan
lan nuweni, jebulane ban kendharaan ingkang wingking bocor.“Wadhuh mas, ban sek
buri bocor,” ujare pak sopir. “Bocah-bocah arep dipiyèkke?” pitakone mas Hendar
ingkang dados panitia takbiran. ”Ngoten mawon kula beto serep ban. Mangkeh lare-lare
ken mlampah rumiyin, menawi sampun nggantos ban kendharaan mangkeh kula
nyusul,” wangsulane pak sopir. “O.. nggeh pak,”
wangsulane mas Hendar.
Lajeng
mas Hendar aken lare-lare ken mandhap saking kendharaan lan le takbir mlampah,
“Mlaku jejer loro-loro ya,” akene mas Hendar. Lajeng lare-lare sami mlampah
jejer kalih-kalih. Boten dangu anggenipun mlampah, dumadakan Iin dhawah amargi
kejeglong lan jenthik sukunipun medal rahipun. Iin mung pringas-pringis amargi sukunipun
sakit, “Hahaha... Sokor nek mlaku ki ngingetke,” ujare Tia sinambi ngguyu
nyekakak kaliyan rencang-rencangipun. Tia punika putranipun pak Anto, tiyang
ingkang paling sugeh sak dusune Iin. “Wela, kowe ki pye ono kancane kena
musibah malah disokorke, rewangi po pye?” wangsulanipun Vivi tangga tepalihe
Iin. “Ra penting ngrewangi cah ra duwe koyo ngono. Nggak level, hello,” kandhane Tia lan lajeng kesah nilarke Iin. Lajeng
Iin direncangi Vivi lan Lia ngobati sukunipun kang medal rahipun.
“Alhamdulillah, kendharaane wis teko. Ayo tak rewangi munggah kendharaan,”
ujare Lia kalih Iin. Sak sampunipun Iin minggah kendharaan lajeng disusul rencang-rencangipun.
Takbir dilanjutaken ngantos jam 11 dalu.
Jago
sampun kluruk mratandhani sampun wayah enjing, tiyang-tiyang ing dusun Suka
Cita sampun sami wungu lan siap-siap nindakaken shalat Idul Fitri. Boten
katinggalan keluarganipun Iin, sampun ket enjing wau wungu lan resik-resik
griya. Lajeng jam 06.30 WIB, Iin sak keluarga tindak mesjid nindakaken
shalat Id.
Sak
sampunipun shalat Id, keluarganipun Iin lanjeng sungkeman. “Pak, sedaya
kalepatan kula nyuwun pangapunten,” ature Iin. Lajeng dilajengaken sungkem ten
gene ibunipun. Sak sampunipun sungkeman kalih tiyang sepuhipun, lajeng Iin
sakaluarga tindak mushola sak celak griyanipun. “ Bu, kula le thenguk ten
cedhak kanca-kanca nggeh?” pamite Iin. “Yoh, ora gojekan wae ningo,” pesen
ibunipun. Lajeng Iin lenggah sesarengan rencang-rencangipun. Boten dangu
punika, syawalan diwiwiti kanthi acara pembukaan, sambutan ketua panitia, ikrar
halal bi halal, pengajian lan dipungkasi salam-salaman. Ing tengah acara
syawalan inggih punika pengajian, pengajian punika isinipun Halal Bi Halal. “...kita sedaya kedah
nyuwun pangapunten kalian tiyang sanesipun lan kita kedah paring pangapunten
supados boten wonten dendam ing gesang kita...” ngendikanipun pak ustadz. Lajeng
Tia kemutan anggenipun wau dalu malah nyokorke Iin dhawah boten nulungi. Ing acara
pungkasan anggenipun salaman kalih Iin, tia nyuwun ngapunten kalih Iin, “In, sorry ya mau bengi aku ra nulungi kowe.”
“Alah ra popo, wis tak ngapurani kok,” wangsulane Iin. “Minal Aidzin Wal
Fa’idzin,” ature Tia karo Lia sek mapan ing cedhake Iin. “Nggeh, sami-sami,”
wangsulane Lia. Lajeng sak sampunipun syawalan tiyang-tiyang sami kondur lan
nglajengaken tindak ten sedherek-sedherek sanesipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar