1.
WREDIDNING
PANATACARA
Pranatacara inggih punika paraga
ingkang tinanggenah nata cara utawi acara. Menggah bakuning ayahanipun inggih
punika nglantaraken lampah cak-cakaning acara utawi adicara wonten ing
pepanggihan, pasamuwan, utawi upacara ingkang sampun rinantam.
Saengga,, lugunipun inggih namung
dhapur atur palapuran (ing basa Walandi protocol)
menggahing cak-cakaning utawi lampahing adicara.
Kabekta dening beda-bedaning jaman,
papan, sarta kawontenan tumraping upacara satunggalipun, ayahanipun panatacara
lajeng asring mingsad-mingsed; malah ugi asring dados rowa. Liripun wonten
kalanipun inggih kedah nindakaken jejibahanipun pamedhar sabda; trekadhang
kedah ngaturaken wara-wara; ugi asring kapurih nyandra; lajeng ugi nata reh
ingering acara; njampangi ingkang sami medhar sabda; niti priksa ingkang sami
nawung kridha; njumbuhaken kaliyan wedaling pasugatan dhaharan unjukan,
pasugatan lelangen,tuwin sanes-sanesipun.
Wosing lajeng nyrambahi ayahanipun speaker, reader, announcer, dhalang, director,
manager, trainer, sutradara, assistant, master of ceremony, saha orator.
Awit saking ayahan ingkang mulur
mungkret kasebar pramila boten nama mokal manawi lajeng tuwuh istilah utawi
bedhahan, punapa dene sesebatan tumraping panatacara. Kajaba panatacara, limrah
kawastanan pranatacara, panata adiacara, pranata adiacara, juru wicara, juru
paniti laksana, protokol, pengacara, pambawa acara, juru imbau, master of
ceremony. (Gusti Mangkunegara VIII, inggih nyebat mc (maosipun emsi).
Boten sadhengah tiyang saged
nindakaken ayahaning panatacara. Upami saged, dereng kantenan manawi saged
mrantasi damel, dereng kantenan saged mumpuni kalayan pantes, luwes, tur teges.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar