GURU
ORA KURANG LAKU
Nalika
aku ana Sekolah Dasar (SD), aku duwe guru favorit, Pak Karto kang ngasta
pelajaran Matematika. Aku seneng banget marang Pak Karto, sebab ku bisa lan
prigel marang etung-etungan mau., mula Pak Karto aweh perhatian kang beda karo
anca-kancaku. Ananging ana bab kang daksimpen wadine karo Pak Karto mau, sebab
nalika murid-murid padha nggarap, dheweke mesthi nggebrak meja utawa papan
tulis karo mbengok, “U-W-I-S-A-P-A-D-U-R-U-N-G?” Kanthi bebarengan muid-murid
pontan njawab “saaaaampuuuun paak”, utawa “dereeeeeeng paaaaak”.........
Nalika
niti priksa saka meja sijilan sijine, Pak Karto ora ora dinyana-nyana uga,
asring nggbrak meja. Mesthi wae akeh murid kang njondhil sebab mejane digebrak.
Nalika murid-murid padha wangslan kang kandha pun lan uga ana kang wangsulan
sakenane. Pating ceblung kaya dene kodhok ana blumbang ing wektu udan grejih.
Wis
nate adat saben kang mangkono mau, ana samburiku anggonku lungguh, nalika
piyambake nggebrak meja karo “Wis rampung apa durung,” aku krungu suwara lirih
“thuuut”, aku noleh memburi lan Pak Karto uga ngerti apa kang taksipati mau.
“Ssstt Di,” Pak Karto paring kode supaya aku nyimpen wadine. “Aku mau bengi
oleh giliran rondha, mbokmenawa aku masuk angin,” ngono ngendikane. Aku bisa
nampa apa kang Pak Karta nendikakake, sebab kanggo njaga rasa hormat marang
putra dhidhike Pak Karto, nyamurake anggone ngentut kanthi nggebrak meja utawa
papan tulis, supaya anak dhidhike ora padha nglecehake Pak Karto. Mula menawa
ana pengetan Hari Pendidikan Nasional aku mesthi methukake “Bethara Guru” kang
ngentutan mau, saperlu ngucap syukur marang jasa-jasane ndadekake aku dadi kaya
saiki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar