Anggitanipun: Sucipto
Hadi Purnomo
JRONING
WARUNG ANA SRAWUNG
JRONING
SRAWUNG ANA KUDHUNG
Mall lan supermarket kena wae ngesuk pasar-pasar
tradisional. Restoran swalayan lan gelis ladi uga saya akeh cacahe, sumebar ing
sadhengah papan. Nanging kabeh mau ora teges banjur ndadekake warung-warung
padha kukut. Warung sing kanggo dodol panganan utawa klonthongan, pijer
ngrembaka lan saya akeh caahe., prasasat kalis saka perbawane jaman sing
ndadekake pasar ilang kumandhange. Wiwit saka desa kepencil nganti tekan kutha
gedhe, papan iki tetep dadi jujugan kanggo ngganepi sawetara kebutuhan.
Kahanan kang tansah thukul lan ngrembaka mau cukup
minangka bukti mana-wa warung nduweni peran lan fungsi mirung-gan ing madyaning
bebrayan. Mokal, tanpa jejege peran lan fungsi, papan dol-tinuku iku bisa
lestari, kapara terus ngrembaka tekan saiki.
Nanging temene warung ora kandheg nindakake fungsine
minangka papan lan sarana dol-tinuku. Pancen ing warung sing dodol bisa
mayokake dagangane, sing tundhone entuk bathi. Ing warung uga sing tuku bisa
nemokake keperluwane. Nanging tumapake dol-tinuku ora sasederhana kuwi.
Ing perangan liya, wong warungan tumindak minangka homo
economicus kanggo ngupaya untung. Dene ing perangan liyane, dhewekw kudu
ngadhepi norma-norma lan kuwajiban-kuwajiban sosial, sing bisa marakake bisnise
ora efisien lan dadi rugi.
Upamane, ana tangga utawa tepungan apik blanja. Gandheng
ngaku lagi ora nduwe dhuwit, mangka kebutuhane jarene ora bisa disemayani, mula
banjur nembung njupuk baragn tanpa mbayar. Saora-orane semaya mbayare
mengko-mongko. Yen dientuki, cetha, sing dodolan bakal rugi amarga dhuwite ora
bisa mlaku kanggo kulakan maneh, kapar yen akeh sing njaluk kaya ngono, ora
mokal yen bisa ndadekake bangkrut. Kosokbaline, yen nganti ora entuk, bisa-bisa
dicap medhit utawa ora ngerti tangga, kapara dadi disiriki utawa ora ditukoni
liyane. Mangka, modus utang kaya mengkono bisa diarani wis mratah lan dianggep
lumrah.
Ora mung ing warung klonthong modus kaya mengkono bisa
diprangguli. Ing warung mangan, luwih-luwih yen antarane sing dodol lan sing
jajan wis padha tepung, bubar mangan ora mbayar uga kapetung lumrah. Yen wis
ana “perjanjen” sadurunge, upamane dibayar saben minggu utawa saben sasi, ora
dadi masalah. Nanging ora sethithik sing mbayare “ora cetha”, mula nganti padha
lali utawa nglali. Tumrap wong mangan sega ing warung tanpa mbayar, ing
sawijining desa, kuwi diarani (nuwun sewu) “ngising ngenggon”.
Merga ora bisa ngendhani fungsi sosiale, mula banjur ana
pakulinan warung mangan menehi gratisan sedina nalika wulan pasa, dene warung
klonthong menehi hadiah utawa bingkisan tumrap langganane saben ngadhepi
riyaya. Yen kasir pasar swalayan menehi per-men minangka genepe susuk, warungan
panganan uga lumrah menehi permen utawa panganan liyane marang bocah cilik sing
dikongkon tuku wong tuwane utawa mung melu tetuku. Dudu minangka genepe susuk,
nanging minangka pratandha manawa ana talinig rasa ing antarane sing dodolan
lan sing blanja.
Ewasemono, tetep ana kalodhangan tumrapwong bakulan entuk
bathi luwih gedhe tinimbang biasane. Nalika ana krameyan, wong bakulan dianggep
lumrah yen ngundhakake rega padha nanging nyuda gedhene utawa cacahe. Payune
luwih akeh, bathine mesthine ya luwih dening gedhe. Sing tuku uga maklum, jer
sing dodolan lagi padha mrema. Apamaneh sing didol dudu mujudake keperluwan
saben dinane.
Kudhung
Palanyahan
Isih jroning
fungsi sosiale, sinambi dol-tinuku, warung bisa ngembani peran minangka punjere
informasi. Ing warung sing dodol sing tuku padha srawung. Ing warung uga kabar
mau dirembug, sok-sok nganti umyeg, lan akeh-akehe “diundhakake”, laras karo
tetembungan “undhake pawarta sudane kiriman”. Mula ing kene, warung uga banjur
dadi punjere distribusi informasi. Rehning ing warung wong-wong padha srawung,
lageyane siji kalawan sijine. Warung uga bisa dadi papan kanggo rerasan, gawe
semayan, nganti tekan anane gesehing panemu satemah ndadekake padudon.
Nanging kanthi mangkono, yektine warung wis bisa nuduhake
lan ngrangkani perangan manusiawi ing suwalike wong dol-tinuku. Kalebu, warung
bisa dadi kudhung kanggo nggancangake karep-karep tinamtu. Upamane randha enom
tur isih kinyis-kinyis sing kepengin srawung karo wong lanang liya. Ing desa,
biasane randha eno utawa prawan dewasa gampang dadi barang caturan. Warung bisa
dadi sarana kanggo mujudake ancas mau. Sinambi dodolan –sing lumrah awujud
panganan mateng- sesrawungan bisa kaleksanan. Apamaneh wong dodolan iku pancen
kudu grapyak, semanak, malah yen perlu rada kemayu. Iku sing uga kerep nuwuhake
panganggep sing nggebyah uyah.
Pancen ora kandheg tekan semono. Sok-sok ora mung kanggo
srawung, warung uga banjur dadi sarana kanggo nindakake palanyahan kanthi
sesidheman. Sinambi ngedol panganan mateng, yen pancen dianggep cocog, awake
dhewe uga banjur dadi dagangan. Mula ora mokal yen papan palanyahan uga racake
awujud warung. Ora nggumunake maneh manawa wong wadon “nakal” uga diarani wong
wedok warungan.
Apa kabeh mau bisa ditemtokake ing toko swalayan utawa
ing restoran gelis ladi Yen warung bisa dadi kudhung, apa supermarket uga bisa
dadi kudhung kanggo masarake saliyane barang dagangan sing wis mawa bandrol rega?
Apa ing warung-warung modern sing ngedol panganan, uga nyediakake “panganan
mentah” sing “ora lumrah”?***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar