Jumat, 03 Januari 2014

Adigang, adigung, adiguna

Adigang, adigung, adiguna

Serat Wulangreh
Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV
Gambuh
1.
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).
Tegese tembung :
catur = 1. papat 2. kandha, omong,
cinatur = diomongake, dibicarakan
katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
kadaluwarsa = kasep, telat.
katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.
2,
Aja nganti kabanjur,
sabarang polah kang nora jujur,
yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)
Tegese tembung :
sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
kojur = cilaka, celaka.
3.
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).
Tegese tembung :
nadyan = sanajan, walaupun.
sudra = kasta sing paling asor, rendah.
papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
muruk = mulang, mengajar
4.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pas esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).
Tegese tembung:
esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.
5.
Si kidang umbagipun,
angandelken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken geng ainggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).
Tegese tembung :
umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
kebat = banter, rikat, cepat.
ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
kalamun = lamun, yen, apabila.
7.
Iku upamanipun,
aja ngandelaken sira iku,
suteng nata iya sapa ingkang wani,
iku ambege wong digung,
ing wusana dadi asor.

(Iku mau upamane, aja kowe ngendelake yen putrane ratu, sapa sing bakal wani. Mangkono mau ambege wong digung, wekasan dadi asor).


Tegese tembung :

andel = percaya, ngandelaken = mercaya, njagakake ,
andel-andel = sing dipercaya, sing dijagakake, gegedhug, senapati.
ora ngandel = ora percaya.
suteng = suta + ing = anake.
nata = ratu, narendra, narpati, naradipati, katong.
ambeg = ambek, watak, nduweni bebuden.
ambeg darma = welasan, seneng tetulung.
ambeg siya = awatak siya marang.
ambeg sura = kendel banget
ambeg wani = kendel.kumendel.
ambeg welas = welasan

8.
Adiguna puniku,
ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki,
sapa pinter kaya ingsun,
tuging prana ora injoh.

(Adiguna iku ngandelake kapinterane. Samubarang kapinteran ora ana sing madhani, ora ana sing pinter kajaba aku, tekaning endhon ora bisa )


Tegese tembung :

kabisan = kapinteran.
ingsun = aku, ingong, ingwang.
tug = ketug, tutug, tekan
prana = 1. ati, pangrasa 2. ambekan, napas, dayaning urip.

9.
Ambeg adigang iku,
ngandelaken ing kasuranipun,
para tantang candhala anyenyampahi,
tineneman nora pecus,
satemah dadi geguyon.

(Ambeg adigang iku ngandelake kuwanene, seneng kekerengan, ala bebudene lan seneng nacad. Bareng ditemeni ora bisa, wusanane dadi geguyon
).

Tegese tembung :

kasuranipun = ka + sura + ipun = kuwanene.
para tantang = seneng kekerengan, seneng tukaran.
candhala = nistha , ala kalakuwane
nyampahi = moyoki, maoni, maido, nacad
tinemenan = ditemeni
ora pecus = ora bisa.
satemah = wasanane, tundhone.

10.
Dene katelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngandelken upase mandos.

(Dene telu-telune iku, si kidang kasukan sing njalari patine, si gajah patine jalaran kurang pangati-atine, si ula patine jalarane ngandelake wisane sing mandi).


Tegese tembung :

suka = seneng. suka parisuka = seneng-seneng. kasukan = kasenengan
lena = 1. kurang weweka, nemahi bebaya amarga katalompen 2. ilang, mati.
patinireki = pati + ira + iki
mandos = mandi (mandos = kanggo nyundhukake guru lagu kudu o )

11.
Katelu nora patut,
yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong anggunggung,
wekasane kajalomprong.

(Katelune mau ora pantes, yen ditiru malah luput, tengerane wong anom iku kurang bisa nyimpen wewadi. Rumangsa seneng yen akeh wong ngalem (nggunggung), wekasane malah kesasar )

Tegese tembung :

mapan = milih papan, manggon, manggon ing papan prayoga, maton banget.
titikane = tetenger, ciri-ciri.
titikan = apa-apa sing kanggo tandha bukti barang sing ilang.
ketitik = kaweruhan, konangan.
wewadi = kang sejati, kang penting (perlu), dikeker, ora diwedharake marang liyan.
anggunggung = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
kajalomprong = keblasuk, kesasar, kapusan.

 12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep njebrot)

Tegese tembung :
nggunggung = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
kumprung = bodho banget.
pengung = 1. (kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
angoling = jempalikan, owah pikire.


13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.

(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)

Tegese tembung :
gondhang = telak, gorokan.
keyong gondhang = keyong gedhe
pitik gondhang = babon ulese kuning rada klawu.
gondhang-gandhung = pit
gondhang kasih = anak loro siji kuning sijine ireng
reruba = 1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.


14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

(supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)

Tegese tembung :
pan = 1. jer 2. rak 3. ananging.
adol sanggup = nyanggupi


15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.

(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku pantese didheplok)

Tegese tembung :
juti = ala, piala


16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.

(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)

Tegese tembung :
angupruk = ngethupruk
nempil = 1. tuku sathithik 2. melu nunut.


17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.

(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).


Tegese tembung :
Datan = tan, ora
Pawong = wong
Pitados = pitaya, percaya.

TEMBUNG GARBA

TEMBUNG GARBA ( TEMBUNG SANDI )

KINANTHI

Dadia lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja sok sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.

(Wulangreh, PB IV)

Ing tembang Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. Satemene tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira + tembung iku. Tembung-tembung mau didadekake satembung, perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. Yen saupama ora dibuwang wandane , bakal kaluwihan sawanda. Samono uga tembung lakunireki.
Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi.

Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu )

Tuladha liyane :

aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha + resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.

Tata tulisan jawa

PADA LAN TETENGER LIYANE ING AKSARA JAWA

Trap-trapane ing aksara Jawa
PADA LAN TETENGER LIYA-LIYANE

1. Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa, wujude lan jenenge kaya kang kacetha ing ngisor iki :
a. pada luhur
b. Pada madya
c. pada andhap
d. purwapada
e. madyapada
f. wasanapada
g. Pada Guru (uger-uger)
h. Adeg-adeg (ada-ada)
i. pada pancak
j. Pada lingsa
k. Pada lungsi
l. pada pangkat

2. Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene :
a. Pada luhur , unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur (saka dhedhuwuran, penggedhe utawa wong tuwa).
b. Pada madya, unine uga “mangajapa” trape ana ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka sapadha-padha.
c. Pada andhap, unine iya “mangajapa”, trape ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka andhahan (utawa saka wong enom). Tuladhane:
d. Purwapada, unine “becik” trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan.
e. Madyapada, unine mandrawa, tegese “adoh, tangeh “, maksude isih adoh utawa isih tangeh tamate buku utawa carita iku. Trape ing wekasane pupuh manawa arep ganti pupuh liya.
f. Wasana pada, unine “iti” tegese “tamat” trape ing wekasaning carita kang sinawung ing tembang .
g. Guru utawa “uger-uger”, trape ing : sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa, dadi sawise satatabasa utawa adangiyah.
h. Adeg-adeg utawa ada-ada, trape ing bebukaning ukara.
i. Pada pancak.
j. Panutuping wasanabasa ing layang kiriman.
k. Pada lingsa, gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa.
l. Pada lungsi, kanggone ana ing wekasaning ukara, dadi dienggo misah ukara. Manawa ing wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji.

3. Pada pangkat, gunane werna-werna.
a. Kanggo ngapit-apit angka Jawa
b. Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung / ukara kang ditirokake dening pangripta.
c. Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro.
d. Ing saburine tembung “mangkene”.
e. Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane , supaya gampang dingreteni maksude.
f. Ing wekasaning gatraning tembang, Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake, pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku.


AKSARA MURDA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN LAN ANGKA JAWA.

Tata panulise aksara Jawa katrangan ing ngisor iki

PANJENENGAN KLIK ANA KENE !


AKSARA MURDA

1. Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head)
Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital).
Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik)

2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.

3. Saben aksara Murda ana pasangane.
Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo
Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo. Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca 121.

4. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.
Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane , kayata :

Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat
Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama.

5. Saiki jaman demokrasi . Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :
Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng Kartini
Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha.


Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene : GusTi Allah


AKSARA SWARA

1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima, yaiku : A, I, E, O, U.

A – kara unine a.
I – kara unine i
E – kara unine e
O– kara unine o
U- kara unine u
Ananging aksara : Pa dicerek, dadi lelirune re, Nga dilelet, dadi lelirune le
Kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. Bab iku salaras karo kawruh sangkalan, tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu.
Panganggone aksara swara pa cerek lan nga lelet
rega ,rena, resik, marem, aremarem, marem, sarem, karep, pambarep, sareng, wulan Rejeb, angsal rejeki, katon regeng, sanget remen, dipun remet, damel rempeyek

gelem, pelem, lembut, lemah, adol lenga, pelem legi, boten lenggah


2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata :
Agustus, Ibrahim, Espres
Oktober, Usman, Inggris

3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara pa cerek dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara nga lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.
Wulan April, Pak Idris, Pangkat Opsihter, malem Rebo, Mas Umarsaid,mangan lepet

4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.
5. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis


AKSARA REKAN

1. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : kh, dz, f, z, gh
Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata :
Khatib yen ora dicethakake katib
Dzikir yen ora dicethakake dikir
Faham yen ora dicethakake paham
Zakat yen ora dicethakake jakat
Ghoib yen ora dicethakake gaib

2. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman

3. kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane :
ANGKA JAWA

1. Angka Jawa siji tekan sanga sarta das, wujude mangkene :
1 = aksara ga
2 = aksara nga dilelet
3 = aksara nga dipengkal
4 = aksara ma miring
5 = aksara ma kurung
6 = aksara E – kara
7 = aksara la
8 = aksara pa murda
9 = aksara ya
0 = bunderan (Indonesia : nol)

2. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa , supaya ora mbingungake , panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat. Tuladhane :
Sataun wonten :12: wulan.
sawulan punika :30: dinten.
Taun Masehi sapunika :2010

3. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi , ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Tuladhane :
Mangkate jam :7, mulihe jam :10
Putrane pak Guru :3, wayahe :8.
Murid SMP ing sekolahanku :294, wadone :106

UNINE SANDHANGAN SWARA I, U, E, O, E.

UNINE SANDHANGAN WULU
(UNINE SWARA I)

Katrangan kanthi tuladha -tuladha aksara Jawa
1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan wulu aswara jejeg, kayata :
iki siji, ngati-ati, dadi kyai

2. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manwa sandhangan wulu dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :
Timba, pinten,kancing
Sing nyebal : ingkang
b. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun, kayata :
Cit, prit, crit

c. Wanda wekasan kang sigeg, banjur oleh panambang a, i, e, an, anipun, utawa en.Sing maune nduweni swara miring bali jejeg maneh.
mancing ( i miring)
mancinga (i jejeg)
mancingi (i jejeg)
pancinge (i jejeg)
pancingan (i jejeg)
pancinganipun ( i jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :
ing, sing, ping, ting, pring, wit, sir,pir, tir.

b. Wanda wekasan :
Becik, keris,murid

c. Saliyane wanda wekasan , manawa sesigege dudu aksara irung, kayata :
Siswa, sulistya, suwignya


UNINE SANDHANGAN SUKU
( SWARA U )
1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan suku aswara jejeg, kayata :
Tuhu, wulu, lunyu,brutu

2. Tumrap ing wanda aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun , kayata :
Ut, wut, nyut, cur

b. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :
bumbung ,blumbang, cumplung, srundeng

c. Wanda wekasan kang banjur oleh panambang Kayata :
sabun ( u miring)
nyabuni (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunane ( u jejeg)
sabunanipun (u jejeg)
sabunen (u jejeg)
sinabunan ( u jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa sandhangan suku dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :
Mung , bung, bur, bun, pun, jun, tur
b. Wanda wekasan, kayata :
Sampun, mancur, nyamplung,nglumpruk*)

c. Saliyane wanda wekasan, manawa sesigege wanda iku dudu aksara irung, kayata :
Duksina, suksma, trustha, murni


UNINE SANDHANGAN TALING
(SWARA E )
1. Tumrap ing wanda menga aswara jejeg, manawa sandhangan taling iku dumunung ana ing :
a. Tembung mung sawanda :
He, le, taun je, taun be

b. Wanda wekasan, kayata :
Kate, sate, gule, pete

c. Purwane tembung 3 wanda, kayata :
Kewala, kemawon, rewanda, sewaka

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga legena, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku , kayata :
Rene, dewa, kreta, pelo

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan swara saliyane pepet utawa taling, kayata :
Keyok, eram, cebol

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing .
a. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang uga menga mawa sandhangan wulu utawa suku, kayata :
Keri, beji, teji, cekli

b. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg lan mawa sandhangan pepet utawa taling, kayata :
mesem , leren, kerem, gepeng

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan swara liyane wulu utawa suku, kayata :
Endra, menda, tempe, endha

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan wulu utawa taling tarung, kayata :
Kendhang, cemplang, enjing, bengkong

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda,kayata :
Heh, the, meh, jres

b. Sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu utawa suku, kayata :
Jengki, estu, estri, keksi

c. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling, kayata :
Kendel, kengser, pendeng, grenjeng

d. Wanda wekasan kang sigeg,kayata :
Dumeh, joged, godheg,bledheg


UNINE SANDHANGAN TALING TARUNG
( SWARA O )
1. Tumrap wanda menga aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
Ho, wo, so, lo

b. Wanda wekasan, kayata :
Sinyo, ngaso, bedho, rebo

c. Purwane tembung telung wanda, kayata :
Korawa, lodaya, buta locaya

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku, kayata :
Krodha, semboja, bodho, ore

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
Nyonyah, kojur, komuk, kongas

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Wanda ing sangareping wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu lan suku, kayata :
Topi, mori, wolu, kolu

b. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling tarung, kayata :
Coplok, krodhong, kopyor

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga lan mawa sandhangan swara taling atawa taling tarung.
Kondhe, ngombe, blondho, conto

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasankang uga sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
Plonthang, komplang, konthit, kondhe

c. Wanda wekasan kang sigeg banjur oleh panambang a , an , kayata :
cakot ( o miring)
nyakota( o jejeg )
cakotan ( o jejeg )

d. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg kang banjur oleh panambang a
rontog ( o miring)
rontoga ( o jejeg)
rontogan ( o jejeg )

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, yen dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
Lor, dom, moh, loh, jlog

b. Wanda wekasan, kayata :
Adoh, babon, anjlog

c. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, kayata :
Amba, nangka, candra, randha
Ganda, langka, kandha, mangsa

Taling-tarung ing dhuwur iku lumrahe diarani TALING-TARUNG PALSU. Diarani mangkono, jalaran yen tembunge rinaketan panambang apa bae, taling-tarung iku banjur ILANG ; kajaba yen dipanambangi a. Tuladhane :
kancaku (kancamu, kancane, kancanipun, kancanira, kancaningsun )

d. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan swara saliyane taling utawa taling tarung, kayata :
Jongki, kongsi, tongki

e. Wanda sigeg aksara irung sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan swara pepet utawa taling-tarung , kayata :
Sonten, konten, lombok
Lonthong, gombyok, plonthos
Brongkos, kroncong, brondong

KIDUNG MANTRAWEDHA

KIDUNG MANTRAWEDHA

DHANDHANGGULA.
1.
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luput ing bilahi kabeh,
jim setan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan wani perak ing mami,
tuju guna pan sirna.

2.
Sakehing lara pan samya bali,
sakeh ama pan samya miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tiba ing wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak tutut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwane wong lemah miring,
myang pakiponing merak.

3.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arga myang segara asat,
temahan rahayu mangke,
dadya sarira ayu,
ingideran pra widadari,
rineksa malaekat,
lan sagung pra rasul,
pinayungan ing Hyang Suksma,
ati Adam utekku bagendha Esis,
pangucap nabi Musa.

4.
Pan napasku Nabi Ngisa linuwih,
nabi Yakub pamiarsaningwang,
Dawud suwaraku mangke,
nabi Brahim nyawaku,
nabi Sleman kasekten mami,
nabi Yusup rupengwang,
Edris ing rambutku,
bagindha Ngali kulit wang,
Abubakar getih daging Ngumar singgih,
balung bagendha Ngusman.

5.
Sungsumipun Patimah linuwih,
Siti Aminah bayuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
nabi Nuh ing jejantung,
nabi Yunus ing otot mami,
netraku ya Muhammad,
pamuluku rasul,
pinayungan Adam Kawa,
sampun pepak sakathahe para nabi,
dadya sarira tunggal.

6.
Ana wiji sawiji dadi,
ingkang pencar salumahing jagad,
kasamadan dening date,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang animpeni,
dadya ayuning jasad,
kinarya sesembur,
lamun winaca ing toya,
kinarya dus prawan tuwa aglis laki,
wong edan nuli waras.

7.
Lamun ana wong kadendha kaki,
wong kabanda wong kakehan utang,
becik wacanen den age,
ing wanci tengah dalu,
ping sawelas wacanen singgih,
luwar ingkang kabanda,
kang kadendha wurung,
enggal nuli sinauran,
mring hyang suksma kang utang punika singgih,
kang agring nuli waras.

8.
Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
sakeh ama tan ana wani,
lamun sira arsa prang,
watek ken ing sekul,
angsala tigang pulukan,
mungsuhira rep-sirep tan ana wani,
dadya unggul prangira.

Neptune Dina lan Pasaran

Neptune Dina lan Pasaran

Kanggo ngapalake neptune dina lan pasaran, sinawung ing tembang.

Asmaradana.

Setu sanga lawan Paing,
Ahad Legi neptu lima,
Senen Wage pat neptune,
Salasa neptunya tiga
Rebo Pon pitu ika,
Kemis Kliwon sami wolu,
Jumuwah nenem etungnya.

Neptune dina : Ahad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebo = 7, Kemis = 8, Jumat = 6, Sabtu = 9,
Neptune pasaran : Paing = 9, Pon = 7, Wage = 4, Kliwon = 8, Legi = 5.


Kanggo ngapalake cacahe wuku sinawung tembang ing ngisor iki .

Dhandhanggula.

Sinta Landep Wukir Tolu Kranthil,
Warigagung Julungwangi Sungsang,
Gumbreg Warigalit Wuye,
Kuningan Julungpujud,
Mandhasiya Galungan Langkir,
Mrakeh Tambir myang Maktal,
Pahang Kuruwelut,
Medhangkungan Wugu Wayang,
Klawu Dhukut Prangbakat klawan Manahil,
Watugunung tridasa.

Tembang Dolanan

Sore-sore

Sore-sore neng latar akeh kancane,
rame-rame tetembangan sakerepe,
kanca-kanca ayo kanca,
kanca  sing prayitna
 aja dha sembrana,
ayo mubeng desa
lha  wong kowe-we-we sing sing marah-marahi
mentas saka toko merek simpleks nganggo berko
minggir-mas minggir ,
 mlipir mas mlipir
lihatlah aku menari, tari gembira loka
eee  tape ketan  tapene  jali 2 x
ooo  yes  eeee mambo
ooo yes  eeee mambo
wong-wong wong padha gumun mandheg  nyawang  montorku
bim-bim, bim-bim, bim-bim bim-bim.

lagu iki ana ing dagelan mataram Basiyo Midang 03

JAMURAN


Sumber gambar: http://www.jogjasmile.wordpress.com/


Jamuran, ya ge ge,
Jamur apa, ya ge ge ,
Jamur gajih mrejijih saara- ara,
Semprat- semprit jamur apa ?


Katrangan :
A nganti G iku upamane bocah-bocah padha ngadeg. G sing dadi ana ing tengah. A nganti F iku padha kagandhengan temu gelang sarta ngupengi G , banjur sing ngepung iku padha nembang lagu karo mubeng manengen. Bareng lagu tumeka : “semprat-semprit jamur apa”, anggone mubeng mandheg, apa maneh I kudu njawab pitakonan mau.
Upamane G muni : jamur lot wong, A nganti F padha pethalan anggone gandhengan karo enggal – enggalan sarta padha rangkulan utawa sikep-sikepan . G banjur agahan nguwalake sawijining bocah endi sing disiri. Yen bisa uwal, yaiku kang nggenteni dadi. Dene yen ora bisa uwal G dadi maneh, banjur wiwitan kaya sing uwis, mangkono bola- bali.
Yen G milih jamur “lot kayu”, bocah liyane padha nyikep kayu utawa cagak, G iya nguwalake bocah kaya ing dhuwur.
Yen G milih jamur “kendhil” bocah liyane padha ndhodhok prenca-prenca, yen ndhodhoke bocah loro kena didhepani G teka, endi sing ana kiwane genti sing dadi. Yen ora ana sing teka didhepani, banjur dijunjung endi sing disiri. Yen bisa kangkat, yaiku sing dadi.
Yen G milih jamur “emprit mabur” , bocah liyane padha mlayu, banjur dibledig G , endi sing kecekel, dadi. Nanging yen padha ndhodhok ora kena dicekel.
Yen G milih jamur “emprit mencok” iku kosok baline karo jamur”emprit mabur. Mungguh akehe bocah kena sageleme.

Kapethik saka : Serat Lagu Bocah –bocah, Prawirawinarta.

BUTA - BUTA GALAK



Buta – buta galak, solahe lunjak – lunjak,
Ngadeg jingkrak – jingkrak nyandhak kanca nuli tanjak,
Ngadeg bali maneh, rupamu ting celoneh,
Kuwi buron apa taksengguh buron kang aneh,
Lha wong kowe we we we sing marah – marahi,
Gawemu kok ngono dhi, dhi,
Aku wedi ayo kanca padha bali,
Kae lho, kae lho, matane plerak – plerok rok, rok, rok,
Kae lho, kae lho kulite ambengkerok, rok, rok, rok,
Mung kulite e e e ambengkerok.

Gambar :wisatajiwa.wordpress.com

Tembang Dolanan 



Tegese tembung :

pendhisil : pating brenjul metu.
lengkong : tikungan, enggok - enggokan.

Tembang Dolanan 




Pranata Mangsa

Pranata Mangsa lan Candrane .

1.
Mangsa Kasa :
Candrane : Sotya murca saking embanan. Sotya =mutyara, murca = ilang. Pindhane mutyara coplok saka embane. Akeh godhong padha rontok, wit-witan padha ngarang. Awal mangsa ketiga.
Umure : 41 dina. 22 Juni - 1 Agustus.
2.
Mangsa Karo :
Candrane : Bantala rengka.Bantala = lemah, rengka = pecah. Lemah-lemah padha nela. Mangsane paceklik larang pangan
Umure : 23 dina. 2 Agustus - 24 Agustus.
3.
Mangsa Katelu :
Candrane : Suta manut ing bapa. Suta = anak. Pindhane anak manut marang bapake. Pungkasane mangsa ketiga. Lung-lungan, bangsane gadung, wi, gembili padha mrambat.
Umure : 24 dina. 25 Agustus - 17 September.
4.
Mangsa Kapat :
Candrane : Waspa kumembeng jroning kalbu. Waspa = eluh, kumembeng = kembeng, kebak, kalbu = ati. Pindhane eluh kebak ing jerone ati. Sumber padha garing. Awal mangsa labuh.
Umure : 25 dina. 18 Sptember - 12 Oktober.
5.
Mangsa Kalima :
Candrane: Pancuran mas sumawur ing jagat. Mas pindane udan. Wiwit ana udan. Para among tani wiwit padha nggarap sawah.
Umure : 27 dina. 13 Oktober - 8 Nopember.
6.
Mangsa Kanem :
Candrane : Rasa mulya kasucian. Pindhane mulya-mulya rasa kang suci. Woh-wohan bangsane pelem lsp wiwit padha awoh. Pungkasane mangsa labuh. Udan wiwit akeh lan deres.
Umure : 43 dina. 9 Nopember - 21 Desember.
7.
Mangsa Kapitu :
Candrane : Wisa kentir ing maruta. Wisa = racun, penyakit; kentir = keli, katut; maruta = angin. Pindhane : Penyakit akeh, akeh wong lara.
Umure : 43 dina. 22 Desember - 2 Pebruari.
8.
Mangsa Kawolu :
Candrane : Anjrah jroning kayun. Anjrah = sumebar, warata; kayun = karep, kapti. Pindhane akeh pangarep-arep. Para among tani padha ngarep-arep asile tanduran. Wit pari padha mbledug.
Umure : 26 dina. 3 Pebruari - 28 Pebruari.
9.
Mangsa Kasanga :
Candrane : Wedharing wacana mulya. Wedhar = wetu; wacana = pangandikan, swara, uni; mulya = mulia, endah. Pindhane akeh swara kang keprungu endah, kepenak. Garengpung padha muni, gangsir padha ngethir, jangkrik padha ngerik.
Umure : 25 dina. 1 Maret - 25 Maret.
10.
Mangsa Kasepuluh :
Candrane : Gedhong mineb jroning kalbu. Pindhane akeh kewan padha meteng. Kucing padha gandhik.Manuk padha ngendhog.
Umure : 24 dina. 26 Maret - 18 April.
11.
Mangsa Dhesta :
Candrane : Sotya sinarawedi. Sotya = mutyara; sinarawedi = banget ditresnani (?). Pindhane kaya mutyara kang banget ditresnani. Mangsane manuk ngloloh anake. Mangsa mareng.
Umure : 23 dina. 19 April - 11 Mei.
12.
Mangsa Sada :
Candrane : Tirta sah saking sasana. Tirta = banyu; sah = ilang; sasana = panggonan. Pindhane wong-wong ora kringeten jalaran mangsa bedhidhing (adhem). Akhir mangsa mareng.
Umure : 41 dina. 12 Mei - 21 Juni.