Selasa, 14 Januari 2014

cerkak

"GELO"

            Srengenge durung katon jedul, nanging semburat abang ing sisih wetan wes katon mbranang. Suwara manuk-manuk podho tuwuh dadi siji, godhong ing wit-witan podho isih teles amarga embun, kabut e isih kandhel lan alus.
            Ing desa ingkang adoh saking kuta, nanging cedhak saking pasir menika ora ana suwara brebeg amarga montor utawa kendaraan liya. Sing ana mung wong kang podho menyang sawah lan pasar, ana sik nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak. Ana omah kang reyot ing pinggir ndeso, omah kang mung dinggoni wong loro, mbok Suriah lan anake sing isih jaka jenenge Sapta. Mbok Suriah wes tuwa umure 60 taun lan jaka anak siji-sijine umure 23 taun. Mbok Suri biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Sapta ora duwe gaweyan tetep nek lagi ra duwe gaweyan Sapta mung nganggur neng ngomah. “Le, tulung jupukke obat neng meja ngarep!” akon Mbah Suri. “Nggih mbok sekedap, nembe adus niki.” Tanggap Sapta.
“Niki mbok obate, diombe ngangge wedhang niki.”
“Nuwun yo le.”
            Sawise ngombe obat mbok Suri menyang sawah kaya dina biyasane. Sapta mung neng omah ora duwe gaweyan, Sapta anak kang males lan gaweyane mung dolan. Mbok Suri sanajan wes tuwa nanging isih seneng guyonan, malah ana sing ngarani Mbok Gaul. Mbok Suri menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep padha tandur.
“Pripun kabare Sapta mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak menyang sawah?” takon Mbok Kondho.
“Inggih sae yu. Alah, anak siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.” Tanggap Mbok Suri.
            Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Suri ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Suri padha meneng wae, dikira mung ngapusi amarga Mbok Suri biyasane seneng gojekan. Uwes sepuluh menit Mbok Suri ora obah. Mbok Kondho sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Suri sek diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Suri.
“Eeeehh, iki Mbok Suri lara tenanan ora ngapusi. Gek digotong neng omah e!”
Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Kondho mlayu marani Sapta.
“SAPTAA!! Ibumu lara neng sawah. Ayo gek ditulungi!!”
            Sapta mlayu menyang sawah. Sawise tekan sawah Sapta langsung nggotong ibune neng omah.
            Larane ibune tambah nemen.
“Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen!” Mbok Kondho kang tambah bingung.
“Tur piye le mbayar budhe, aku ora duwe duit nggo mbayar neng rumah sakit?” tanggap Sapta.
“Uwes duit urusan keri. Sek penting ibumu gek mari!”
            Kinten-kinten jam siji awan Mbok Suri digawa neng Griya Sakit Sarjito. Sapta karo Mbok Kondho nunggu neng njobo, amarga Mbok Suri lagi diobati.
Ora krasa wes wengi Sapta nunggu ibune neng griya sakit. Sapta ket mau ra iso mangan amarga mikirke biaya kanggo nambani ibune. Sapta mikirke cara supaya bisa golek duit sing akeh nanging cepet.
“Budhe tulung kancani ibu kula nggih.”
“Lha kowe arep nengdi Sapta?”
“Kula badhe mantuk sekedap, saged budhe?”
“Inggih saged le.”
            Sapta muleh numpak pit kuno nggone suwargi bapake. Neng tengah dalan Sapta weruh omah gedhe kang menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.
“Mesti iki lali ora dikunci.”
Sapta ujuk-ujuk duwe pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora mikir suwe Sapta langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Sapta jupuk kalung, gelang, emas lan duit. Sawise nglebokke barang mau neng sarung kang disampirke ing pundakke mau, Sapta cepet-cepet metu.
Neng ngarep omah Sapta kaget weruh kirik gedhe. Sapta langsung mlayu nggawa bundelan sarung mau karo dioyak kirik. Pas mlebu gang Sapta uga diconangi karo wong sek duwe omah.
“MALING....MALING...MALING...!!!!”
Para warga sakiwa tengen padha metu lan melu ngoyak Sapta. Sapta mlayu neng sesawahan kang nembe ditanduri. Saking wedine Sapta ora weruh nek neng ngarepe ana sumur tuwa kang jero.
“Aaaaaaaaa......tulung!!” munine Sapta.
Sapta tiba neng sumur lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi Sapta nganggo tali lan Sapta dilaporake polisi. Sapta gelo apa sek wes ditindakke mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar