Jumat, 03 Januari 2014

Adigang, adigung, adiguna

Adigang, adigung, adiguna

Serat Wulangreh
Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV
Gambuh
1.
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).
Tegese tembung :
catur = 1. papat 2. kandha, omong,
cinatur = diomongake, dibicarakan
katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.
katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.
kadaluwarsa = kasep, telat.
katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.
2,
Aja nganti kabanjur,
sabarang polah kang nora jujur,
yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)
Tegese tembung :
sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
kojur = cilaka, celaka.
3.
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).
Tegese tembung :
nadyan = sanajan, walaupun.
sudra = kasta sing paling asor, rendah.
papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.
muruk = mulang, mengajar
4.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pas esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).
Tegese tembung:
esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin
sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.
5.
Si kidang umbagipun,
angandelken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngandelaken geng ainggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).
Tegese tembung :
umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.
kebat = banter, rikat, cepat.
ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan
mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.
kalamun = lamun, yen, apabila.
7.
Iku upamanipun,
aja ngandelaken sira iku,
suteng nata iya sapa ingkang wani,
iku ambege wong digung,
ing wusana dadi asor.

(Iku mau upamane, aja kowe ngendelake yen putrane ratu, sapa sing bakal wani. Mangkono mau ambege wong digung, wekasan dadi asor).


Tegese tembung :

andel = percaya, ngandelaken = mercaya, njagakake ,
andel-andel = sing dipercaya, sing dijagakake, gegedhug, senapati.
ora ngandel = ora percaya.
suteng = suta + ing = anake.
nata = ratu, narendra, narpati, naradipati, katong.
ambeg = ambek, watak, nduweni bebuden.
ambeg darma = welasan, seneng tetulung.
ambeg siya = awatak siya marang.
ambeg sura = kendel banget
ambeg wani = kendel.kumendel.
ambeg welas = welasan

8.
Adiguna puniku,
ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki,
sapa pinter kaya ingsun,
tuging prana ora injoh.

(Adiguna iku ngandelake kapinterane. Samubarang kapinteran ora ana sing madhani, ora ana sing pinter kajaba aku, tekaning endhon ora bisa )


Tegese tembung :

kabisan = kapinteran.
ingsun = aku, ingong, ingwang.
tug = ketug, tutug, tekan
prana = 1. ati, pangrasa 2. ambekan, napas, dayaning urip.

9.
Ambeg adigang iku,
ngandelaken ing kasuranipun,
para tantang candhala anyenyampahi,
tineneman nora pecus,
satemah dadi geguyon.

(Ambeg adigang iku ngandelake kuwanene, seneng kekerengan, ala bebudene lan seneng nacad. Bareng ditemeni ora bisa, wusanane dadi geguyon
).

Tegese tembung :

kasuranipun = ka + sura + ipun = kuwanene.
para tantang = seneng kekerengan, seneng tukaran.
candhala = nistha , ala kalakuwane
nyampahi = moyoki, maoni, maido, nacad
tinemenan = ditemeni
ora pecus = ora bisa.
satemah = wasanane, tundhone.

10.
Dene katelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngandelken upase mandos.

(Dene telu-telune iku, si kidang kasukan sing njalari patine, si gajah patine jalaran kurang pangati-atine, si ula patine jalarane ngandelake wisane sing mandi).


Tegese tembung :

suka = seneng. suka parisuka = seneng-seneng. kasukan = kasenengan
lena = 1. kurang weweka, nemahi bebaya amarga katalompen 2. ilang, mati.
patinireki = pati + ira + iki
mandos = mandi (mandos = kanggo nyundhukake guru lagu kudu o )

11.
Katelu nora patut,
yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong anggunggung,
wekasane kajalomprong.

(Katelune mau ora pantes, yen ditiru malah luput, tengerane wong anom iku kurang bisa nyimpen wewadi. Rumangsa seneng yen akeh wong ngalem (nggunggung), wekasane malah kesasar )

Tegese tembung :

mapan = milih papan, manggon, manggon ing papan prayoga, maton banget.
titikane = tetenger, ciri-ciri.
titikan = apa-apa sing kanggo tandha bukti barang sing ilang.
ketitik = kaweruhan, konangan.
wewadi = kang sejati, kang penting (perlu), dikeker, ora diwedharake marang liyan.
anggunggung = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
kajalomprong = keblasuk, kesasar, kapusan.

 12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep njebrot)

Tegese tembung :
nggunggung = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
kumprung = bodho banget.
pengung = 1. (kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
angoling = jempalikan, owah pikire.


13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.

(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)

Tegese tembung :
gondhang = telak, gorokan.
keyong gondhang = keyong gedhe
pitik gondhang = babon ulese kuning rada klawu.
gondhang-gandhung = pit
gondhang kasih = anak loro siji kuning sijine ireng
reruba = 1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.


14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

(supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)

Tegese tembung :
pan = 1. jer 2. rak 3. ananging.
adol sanggup = nyanggupi


15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.

(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku pantese didheplok)

Tegese tembung :
juti = ala, piala


16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.

(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)

Tegese tembung :
angupruk = ngethupruk
nempil = 1. tuku sathithik 2. melu nunut.


17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.

(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).


Tegese tembung :
Datan = tan, ora
Pawong = wong
Pitados = pitaya, percaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar