AREP APIK MALAH DADI MEMALA
Dina Kemis esuk, bocah-bocah
padha arep mangkat sekolah. Bocah-bocah kuwi mau padha ngampiri kancane,
jenenge Tuti. Tuti lagi salin , padahal wis jam setengah pitu.
Nindya, Rigma, :
“Tuti!Tuti! ayo mangkat sekolah. Mengko ndak kawanan!”
Iyan
Tuti :
“Yo dilit...aku lagi salin...!!!!!”
Rigma :
“Cepet! Tak tunggu.”
Saking
suwene, Tuti ditinggal karo kancane...
Iyan :
“Tuti kok suwe banget tho, tinggal wae yo?”
Nindya :
“Youwis lah..”
Rigma :
“Ayo!”
Sawise
salin, Tuti metu saka omahe. Jebule, kanca-kancane wis ora ana. Tuti mlayu
nututi kanca-kancane.
Tuti :
“Eh.. kok do ninggal aku e? Aku durung dandan iki.”
Nindya :
“Lha.. kowe suwe banget e..”
Tuti : “Aku mau esuk tangi
kawanan, amerga nonton tv tekan mbengi. Tunggu dilit, aku
arep njipuk pupur ning tas ku ndisik.”
Iyan : “Malah pupuran.. mengko
tiba tak sukurke lho!”
Nindya : “Ayo lek uwis, wis meh telat
ki lho.”
Rigma : “Tut, nek mlaku ki
ndelokke dalan, ora pupuran terus, wis ayu kok!”
Tuti : “Rupa-rupaku,
pupur-pupurku, masalah nggo kowe?”
Rigma : “Sakkarepmu lah... ning
nek mengko tiba, aku wis ngilingke lho.”
Ujug-ujuk, klusud,
glayar-glayar, brek, prak gedebuk! Tuti tiba, amerga kesandung watu.
Tuti :
“Adduuuuuuhhh.........”
Iyan : “Lha... lak tenan to..
kapok ora?”
Rigma :
“Sing tak omong mau tenan to?”
Nindya :
“Mulakno, mlaku kuwi ora sambi dandan, dadi ngono tho akibate.”
Rigma :
“Nek wis ngerti ngono, ojo dibaleni meneh.”
Tuti :
“Iyo...iyo... aku kapok saiki, aku ra arep mbaleni meneh.”
Nindya,Rigma, :
“Tenan lho??”
Iyan
Tuti :
“Iyo...iyo...”
Nindya, Rigma, : “Karepe arep apik malah dadi memala!
Tuti...Tuti...!!!”
Iyan
Untung
wae Tuti ora lara. Bocah-bocah mau banjur nglanjutke mlaku ning sekolah. “Karepe
arep apik malah dadi memala”.
Njupuk seka cerita kuwi, nemu makna yo iku. Yen arep
tumindhak kudu dipikir kanthi wening lan tenanan. Supaya tembe mburine ora gela
lan kuciwo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar